Kamis, 29 November 2012


Pemuda lan Tuntunan Agami
          
Pemuda saklebedipun gesang manungsa gadah pangertosan tiang ingkang tesih badhe tuwuh dados dewasa lan mbenjangipun dados tiyang sepuh. Kasunyatan ketingal wontenipun wekdal-wekdal tuwuh saking lare tumuju dados ageng, dados pemuda, dewasa lan dados tiyang sepuh. Lan kasunyatan agengipun tuwuh mboten lumampah kanthi mulus. Mboten saben lare saged ngayuh tujuaning gesang, menapa dene panggesanganipun.
          Wonten saat ingkang saklangkung awrat, lan sarwa was-was. Wekdal ingkang kados mekaten biasanipun dipun alami rikala tasih dados pemuda. Mila saking menika, pemuda kedah pikantuk kawidadosan saha katuntun ingkang saestu. Pemuda minangka lare ingkang nembe pados cecepenganning gesang, madosi artosipun gesang, saha nyinau perkawis sae lan awon, pramila saking menika prayoginipun pemuda pikantuk pimucal ing babakan agami sak sae-saenipun. Kasunyatan pancen kados mekaten pemuda ingkang mboten pikantuk pimucal agami gesangipun mboten kantenan. Tuntunan agami Islam dados cecepenganing gesang ingkang migunani tumrap sedaya wekdal-wekdal penting saklebedipun gesang. Sae rikala tasih lare, rikala remaja, rikala pemuda, rikala dewasa, menapa dene rikala sampun sepuh.        


0 komentar:

Posting Komentar